Ngawasi lan Ngopeni anak neng Zaman Edan ( Sayang Anak )

memelihara serta merawat anak dan buah hati itu seperti orang yang memelihara bebek, telaten dan disiplin
Ilustrasi Gambar from archive.kaskus.co.id

Zaman saiki kuwe kudu ngati-ati. Zamane wes edan, Kudu ono sing waras ben Negarane kuwe ora melu edan. Mbok sing bener anggone nyekel agama, gawe pedoman sak jroning urip neng Alam ndonyo. 

Iki gatekno sing wes podo duwe anak. Nek ngopeni anak ke ojo koyo wong sing ngingu pitik. Contonen wong sing nginggu bebek.

Pitik kuwi dingu, yo dopeni, pakani, gawaake kandang, tapi kakean diumbar. Jajal nyekel pitek kuwi jan angele to? Padahal leh nginggu ya wes suwi tapi tetep wae jarah. Diceluki ya mara, tapi ngertine tok arep makani. Ngingu pitik kuwi ora tlaten leh ngawasi, mangsa isuk buka kandange karo dipakani. Bar wes wareg yo di umbar, mboh arep dolan neng endi SAK KAREPE, teko dijarno wae. Mbasan wes sore lagi di celuk, banjur dipakani. Eh paribasan durung bali siji wae ndadak dadi pak bayan, ngumumke mrono mrene, sing ngluru kabyak ra ngenah. Ngolei nganti peteng karo nyangklong senter, njlorat-njlorot tekan pucuk wit klapa wae diobori. Takok-takoake tanggane, mobat mabit bingung dewe. Kuwi wae nganti direwangi suudhon, intap intip kandang pitike wong liya.


Nah, parahe maneh iki, tuku pitik cacahe telu babon kabeh, let pirang dina wes pada angendok. Nek ngana kuwi terus jagone sapa sing ngawini jajal, apo paham? Banjur sing duwe jago kok ya meneng wae, jane lak ya duweni hak to maro endoke kuwi.

Seje karo wong sing nginggu bebek. Nek wong sing nginggu bebek kuwe luweh tlaten. Bebeke' neng kandang cacahe pira ya ngerti. Sing lanang ana pira, sing wadon ana pira tetep apal. Nganti isa ngira-ira sedina metu endoke pira, kuwi isa diitung. Isuk dipaneni endoke, banjur dipakani. Bar iku kandange dibuka, ditata baris nganti rapi koyo hansip karo digiring, diarahake maring sawah sing akeh cacinge. Neng paran tetep diawasi, jan nganti neng sawah kuwi kecampuran bebeke wong liya kuwi ya konangan. Baner ora kuwi?

Iki mung ibarat wae, nek ono apike yo syukur, dene sampean ora nrima apa malah ora mudeng ya mbah njaluk ngapura. (Mbah Ipunk)

Ibaratnya, dalam memelihara (menyayangi) buah hati, kita mencontoh seperti orang memelihara BEBEK. orang yang memelihara bebek itu selalu mengawasi para bebek-bebeknya. Dibimbing menuju sawah dan tetap diawasi. Bila mana di sawah itu tercampur oleh bebek orang lain, si pemelihara bebek itupun tau. Kemudian si empunya bebek pun juga tau jumlah jantan dan betinanya dalam satu kandang. Bahkan dia bisa menghitung jumlah telur yang dikeluarkan tiap hari. 
Lain halnya dengan orang yang memelihara ayam (ayam umbaran-red). Ayam pada pagi hari diberi makan dan sehabis itu di liarkan, terserah si ayam mau kemana. Sore harinya baru dipanggil untuk masuk kandang dan diberi makan. Belum lagi kalau ayam itu ada yang nyasar atau hilang. Mencarinya susah. Sampai tetanggapun di curigai.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Ngawasi lan Ngopeni anak neng Zaman Edan ( Sayang Anak )"

Post a Comment

Silahkan berkomentar, dilarang Spam